Senin, 25 April 2011

JOKO KAWUNG(PRABU RUDIMULYA)


Negara Ramesan tansah luwih geger ing penguasane raja Radiluhung.Wong nyolong lan mati katon rejo ing sabendinane. Sebab kabeh barang larang regane lan soya luwih mundhak. Raja Radiluhung ngator kabeh perdagangan lan nglarangne pajak. Jelas kuwi ndadekne rakyat cilik sengsara. Keadilan mati ing Negara iku. Akeh warga seng nglakoni pemberontakan. Nanging mesti gaga ling tangane raja.
Nanging raja ora mung senengwiwit ana Joko Kawung . Raja Kawung iku wong kepercayaane warga.Deweke sregep mbantu marang warga kang sengsara. Joko seneng njarai Raja kanggo mbales perilakune raja marang warga. Sampek-sampek Raja nesu gede. Bola-bali misi kanggo mateni Joko Kawung ,nanging mesti gagal ing tengah ndalan.
Ing siji dina perang gede pecah. Prajurit-prajurit utusan raja nyerang nuju omahe Joko Kawung. Prajurit wweroh ana wong ngadek ing njero omah iku. Prajurit-prajurit iku ngebong omah iku lan ngiro Joko melok kobong ing njero omah iku.Namung ikiu salah. Joko wis ngerti sakdurune ngenani misi iku. Joko masang wong-wongan sawah ing njero omahe supaya dikiro ikuu deweke.
Joko mbales perlakuane Raja marna deweke. Joko nrobos mlebu ing njero wilayah keraton. Ana loro prajurit sing eroh kedadian iki. Naming Joko langsung nyergap lan nyikep prajurit loro iku. Ana akal wae joko njarai Raja. Joko nyemplungi bak aduse raja ula Luwok gedi kna ganas bisane.
Saben sore raja adus kanggo ngilangi rasa kesele. Bareng nyemplong ing bak adus,Raja krasa ana kewan obah ing sikile mergo kaget ,ula iku langsung nyakot sikile Raja. Raja langsung mbengok-mbengok lara.
Raja wis gak tahan karo polah tingkahe Joko Kawung . raja kepingin banget mateni Joko Kawung.raja nduweni siasat licik. Raja nawari Joko supaya manggen ing keratin. Tujuane raja iso luwih penak mateni Joko Kawung. Joko mesti gelem amarga omahe wis ajur kebakar. Joko nyetujui tawaran raja iku. Nanging Joko wis ngerti iku gor siasat licikr Raja.
Sesoke Raja ngawa barang lan kewan angonane pindah ing keratin. Angonane koyo bebek,pitik lan kuceng.joko dipande pengawal keratin manggen ana kamar bagian pinggir mburi keraton. Tujuane supaya gak iso mlayu yen dikepung amarga ora ana dalan metu ing sekitare kamar iku.
Urong ana sewengi,kewan-kewane Joko Kawung wis gawe kegaduhan. Bebeke terus kwak kwek ing keraton ,sehingga Raja keganggu turune. Raja nyandak mangan ing meja mangan.Nanging Raja terus watok-watok jalaran kucine Joko terus nyedek Raja. Ora napsu madang,Raja nyandak adus ing jading.Bareng  nyemplomg ing bak adus,Raja krasa ana ambu nyengat ing bak mandi. Bareng didelok ,bak mandi iku akeh telek pithik. Pithike Joko seng neleki. Amarahe Raja munggah. Raja ngutus prajurite supaya namgkep kewan-kewan iku. Nanging kewan-kewan iku angel banget dicekel koyok seng nduwe.
Bengine Raja  ngundang Joko Kawung makan bareng ing ruang makan.ingkono pangeran pethok kaliyan putrine Raja Radiluhung kang asma Dewi Ratmi. Dewi Ratmi ngrasa tresna marang Joko Kawung ing penyawang kepisan. Rasa iku podo ngrasakne rasa iku.
Pelayan wis teko saka pawon keratin.Joko disuguhi sajian kang betosaking liyane.pelayan wis nyampuri sajian iku ngango racun ing suruane Rajane. Joko wis ngerteni marang rencana iku.Tapi deweki ethok-ethok gak ngerteni jebakan iku
Joko golek cara supaya iso mbales jebakan iku. Ana Asu kesayangane Raja golek panganan ing ngisor meja.Joko nguwehne hidangan iku kanggo Asu luwe iku. Bareng sajian iku entek dipanangan Asu iku,Joko ngangkat sajian iki ing meja lan langsung ngaleh mlebu kamar.
Raja langsung marem kegirangan ngenene kedadian iki. Raja nyangka yen sajian isi racun iku wis dipangan Joko kanthi entek. Raja yakin Joko sesok esuk wis dadi mayet. Joko mikir rencana ing njero kamare. Joko  mikir deweke deweke mesti diserbu bareng weruh Asune keracunan.Mumpung lagi sepi,joko kabur sking keratin lan ndelik ing guwo ing alas Ragen cedhak desane warga kanggo semedi.
Sesoke ,Raja siap nyetuki mayite Joko Kawung.Nanging bareng digoleki ing kamare ora ana tanda-tanda ana Joko Kawung.Raja goleki Asune kesayangane kang anduweni andra ambu kang tajem kang mnantu goleki Joko Kawung. Nanging kok gak pethok-pethok. Pengawale nemoni Asune iku keracunanan ing cedhek meja Joko lungguh mau bengi.Raja baru nyadar yen seng manna racun dudu Joko nanging Asune.
Amarahe raja munggah.Raja niat nyerbu Juko Kawung kanthi gede-gedean. Raja mrentah sewu prajurite nyerbu Joko Kawung kanthi pimpinane Raja dewe.Prajurit-Prajurit iku nggoleki Joko nganti pelosok-pelosok desa. Raja Radiluhung curiga maring siji panggon,yaiku giwo ing alas Ragen. Sewu prajurit ngepung guwo iku.
Akhire Joko Kawung metu saka guwo.ingkono kedadian aneh kelakon.Joko Kawung ngubah deweke dadi wujud asline yaiku Prabu Rudimulya saking kerajaan Kutharaharja. Prabu Rudimulya nduweni pusaka ampuh yaiki Pedhang Naga Pulanggeni. Tanpa nunggu Raja langsung ngibetne pedhange . kabeh prajurit mati termasuk Raja Radiluhung.
Prabu Rudimulya iso nguwasani Negara Ramesan. Lan deweke didadeknr raja ing Negara iku. Raja Rudimulya ngangkat Dewi Ratmi dadi pendamping uripe. Ing penguasane Raja Rudimulya ,wraga iso urepaman lan makmur





KARYA   :DANIS BS

1 komentar:

TWITTER

Menu